KAELOKANE BASA JAWA

Posted by: HAFIZH SMA 1 SRAGEN / Category:
BAB I WIDYA SWARA

Widyaswara inggih punika ngelmu ingkang ngrembag lan nyinau bab swanten (fonologi). Widyaswara dumados saking tembung widya = ngelmu, swara = uni.
Widyaswara ateges ngelmu ingkang ngrembag lan nyinau bab swanten/uni. Swanten ingkang dipunrembag ing mriki, inggih punika swanten ingkang wonten tegesipun sanes ingkang boten wonten tegesipun.
Dados, widyaswara punika ngrembag swanten-swanten ingkang saged milah wujud lan teges (distingtif).

1. Swanten
Swanten punika mungelipun angin ingkang medal saking paru-paru lan kawedhar lumantar tutuk. Medalipun swanten wau wonten ingkang mawi pancadan gorokan, cethak, ilat, untu utawi lambe, lan wonten ingkang boten mawi pancadan punapa-punapa.
Adhedhasar medalipun swanten, fonem basa Jawa saged dipunpilah dados kalih, inggih punika, swanten gesang (vokal) lan swanten pejah (konsonan).

a. Vokal = swanten ingkang gadhah ungel utawi swanten ingkang mungel jalaran medalipun angin saking paru-paru ingkang kawedhar lumantar tutuk boten wonten ingkang ngalang-alangi.
Inggih punika : a swara miring (aku), a swara jejeg (sapa), o (obah), i (ilang), u swara jejeg (urip), u swara miring (biyung), e swara jejeg (ewuh), e pepet (elar) lan e miring (estu).

b. Umlaut = Owahipun vokal ing wandanipun tembung, jalaran kawuwuhan panambang tinamtu (modifikasi vokal). Utawi owahipun swantena miring dados jejeg jalaran kawuwuhan panambang. Ing basa Jawa umlaut dipilah dados kalih :

1) Owahipun swanten kendho dados kenceng. (arit + e = arite, jagung + e = jagunge, siwur + e = siwure).
2) Owahipun swanten wingking dados ngajeng. (arta + e = artane, dina + e = dinane, liya + e = liyane).

c. Vokal rangkep = diftong = vokal cacah kalih ingkang benten wujudipun lan dumunung ing satunggalinipun wanda tembung. Manawi wonten vokal rangkep nanging boten dumunung ing wanda, swanten rangkep punika boten saged dipunwastani diftong. Basa Jawa (baku/standar) boten gadhah diftong kados basa Indonesia. Swanten (ae) ing tembung wae, kae lan jae sarta swanten (ai) ing tembung pait, jait lan paing boten klebet diftong, awit swanten (ae) ing tembung punika namung awujud vokal rangkep ingkang dumunung ing satunggalipun tembung sanes ing wanda.
Mila, tembung-tembung punika saged dipunpisah dados wa-e, ka-e, ja-e, pa-it, ja-it lan pa-ing.
Ing Jawa sisih wetan (Jawa Timur) wonten swanten rangkep ingkang awujud diftong, ingkang asring kepireng ing satunggaling tembung, ingkang mengku pikajeng nyangetaken, (abuh dados uabuh, gedhe dadi guedhe). Ing Surakarta lan Yogyakarta, kangge nyangetaken tembung racakipun ngangge variasi vokal utawi ngginakaken tembung banget. (abang = abing, lara = laru, panas = panas banget).

2. Konsonan.
Konsonan punika swanten ingkang tanpa ungel utawi swanten ingkang dereng mungel manawi dereng dipunsambung kaliyan vokal. Kaanggep swanten ingkang tanpa ungel jalaran angin ingkang medal saking paru-paru lan kawedhar lumantar tutuk dipunalang-alangi lambe, untu, ilat, cethak lan gorokan.
a. Swanten lambe (konsonan bilabial) = p, b, m, w.
b. Swanten untu (konsonan dental).
1) Apikodental = d, t
2) Apikoalveolar = n, l, r
3) Apikopalatal = dh, th
4) Laminoalveolar = s
c. Swanten cethak (konsonan palatal) = c, j, ny, y
d. Swanten gorokan (konsonan velar) = k, g, ng
e. Swanten Laringal (hamsah = h , tuladha hapsara) utawi Glotal (swanten ampang = k ampang).

Konsonan basa Jawa kagolong dados sekawan :
• swanten ampang,
• swanten anteb,
• swanten irung lan
• swanten manda-manda.





Gatosaken Tabel ing ngndhap punika :


Jinis Swanten





Lambe Untu Cethak cethak
Gorokan
Pucuk Ilat
Minggah Boten minnggah
Swanten nutup Ampang p t t c k
Anteb b d d j g
nasal m n n n
Ngeses s h
Geter l, r
Manda-manda w y
Glotal ?

Perlu dipungatosaken :

Swara th lan dh ing basa Jawa sanes alofon ananging klebet fonem ingkang benten, ingkang saged ngowahi suraosipun tembung.

Tuladha :
Adhi - adi
Wedhi - wedi

Konsonan khas (aspirat).
Konsonan aspirat awujud swanten (h) ingkang tansah tumempel ing swanten anteb b, d, d, j lan g. Manawi dipungatosaken kanthi permati, konsonan aspirat punika sanes fonem nanging alofon.

3. Prenasalisasi.
Swanten irung ingkang tansah ngrumiyini swanten-swanten anteb (b, d, dh, j lan g).

Tuladha : nJepara, mBali, ngGresik, mBandung,
mboten).

4. Gugus konsonan (klaster).
Konsonan rangkep ingkang benten wujudipun, ingkang dumunung ing satunggalipun wanda lan boten dumunung ing satunggalipun tembung.
Swanten anteb lan swanten ampang utawa ngeses, racakipun saged sumambung kaliyan swanten l lan r.

Tuladha :
Pl, tl, cl, kl, bl, dl, jl, gl, sl, pr, tr, tr, cr, kr, br, dr, dr, jr, gr, sr, cw, kw, jw, sw, wr, ky, by

5. Urutan Fonem Ing Wanda/Kaidah Fonotaktik.
(Urutan fonem wandanipun tembung lingga)
a. V - i-ki, a-ku
b. VK - un-dhuh, en-theng
c. KV - di-na, be-bek
d. KVK - gim-bal, tum-bal
e. KKV - tli-ti, ble-ro
f. KKVK - blim-bing, pren-tah

Swanten irung ingkang ngrumiyini tembung (ndlosor, ndlesep) boten kepetang.

6. Obah-owahe swanten
Owahipun swanten nanging boten ngowahi suraosipun tembung. Obah-owahipun swanten amargi katambah utawi dipunsuda swantenipun punapadene swanten ingkang ngalih papan. Gandheng dereng wonten tembung ingkang tegesipun sami kados tembung manca punika, mila tembung-tembung punika kepeksa dipunampil.

a. Panambahing Swara.
1) Protesis = tambahipun swanten ing wiwitanipun tembung. (nanging – ananging, jare – ujare, ana – nana, ing – ning adi – hadi).
2) Epentesis = tambahipun swanten ing tengahipun tembung. (kambil – krambil, akasa – angkasa, ngipi – ngimpi, upama – umpama).
3) Paragog = tambahipun swanten ing pungkasanipun tembung. (ora – orak, ibu – ibuk).

b. Panyudanipun Swanten (abreviasi).
Aferesis = sudanipun swanten ing wiwitanipun tembung. (kakang – kang, uwong – wong, bapak – pak, bisa - isa, simbah – mbah).

Tembung madya saged klebet aferesis, awit tembung madya racakipun saking tembung wetah ingkang namung dipunpendhet sakperangan.
(panjenengan – njenengan, dhateng – teng, mangga – engga).
1) Sinkop = sudanipun swanten ing tengahipun tembung. (sethithik – sithik, temenan – tenan, njaluk – njuk, dhuwit – dhit, weneh – weh).
2) Apokop = sudanipun swanten ing pungkasanipun tembung. (temenan – temen, kuluban – kulub, bakyu – bak, dhimas – dhi).

c. Gesehipun Swanten.
Gesehipun swanten wonten ingkang jalaranipun liru papan lan wonten ingkang jalaranipun swanten ingkang sami.
1) Metatesis = owahipun swanten jalaran lintu dunungipun swanten. (wira-wiri = riwa – riwi, sruput – srutup, bejad – jebad).
2) Desimilasi = owahipun swanten jalaran wonten swanten ingkang sami. Swanten ingkang sami ing tembung, lajeng dipundadosaken swanten sanes. (lara-lara = lara-lapa, rara-ireng = lara-ireng).

d. Variasi bebas.
Wujud lira-lirunipun swanten tanpa ngowahi suraosipun tembung. Lira-lirunipun swanten punika asring kedadosan antawisipun swanten ingkang nunggil asal.
Upaminipun antawisipun swanten b lan w, d lan t, ka lan g. (bulan – wulan, bengi – wengi, bae – wae, dakjupuk – takjupuk, kegedhen – gegedhen).
Fonem vokal ugi saged lira-liru tanpa ngowahi suraosipun tembung inggih punika swanten a lan swanten e. (takon – tekon, lanang – lenang, sadaya – sedaya).


e. Asimilasi.
Owah-owahanipun swanten amargi njumbuhaken kaliyan swanten sanesipun ingkang wonten ing tembung.

Tuladha :
 tembung upama – umpama (wontenipun swanten m ing tembung, punika kedaya saking swanten p ingkang mapan ing sisihipun fonem.
 Tembung jumlah – jumblah ((timbule swara b ing tembung punika kedaya saking swanten m ingkang mapan ing sisihipun fonem.

7. Ejaan Basa Jawa
a. Ejaan Basa Jawa mawi Aksara Latin (EYD).
Basa Jawa asli boten gadhah swanten f, q, v, x lan z. Nanging Basa Jawa Enggal gadhah.

1) Panyeratipun Vokal Basa Jawa.
(a) Panyeratipun swanten a jejeg kedah dipunserat ngangge aksara a sanes o (ungelipun nglegena). Dene swanten ingkang dipunlambangaken mawi aksara a punika benten kaliyan swanten o. Kangge niteni : Manawi swanten a mapan ing tembung lingga lan tembung punika kawuwuhan panambang e swanten a wau lajeng owah dados a miring, panyeratipun swanten kedah dipunserat mawi aksara a (arta – artane, bala – balane, rupa – rupane).
Nanging manawi wonten swanten ingkang mapan ing tembung lingga lan tembung wau dipunwuwuhi panambang e tembung punika ajeg utawi boten owah, tembung punika kedah dipunserat mawi aksara o. (growong – growonge, sorot – sorote, kopi – kopine, kodhok – kodhoke).

(b) Panyeratipun swara i.
- i jejeg (swara memper e ) = manawi tembung dipunwuwuhi panambang – e swanten ing tembung wau owah dados i. (cacing – canginge, maling – malinge, arit – arite).
- i miring = senajan dipunwuwuhi panambang e swanten wau tetep/boten owah. (siji – sijine, biji – bijine).

(c) Panyeratipun swanten U.
 U jejeg = senajan dipunwuwuhi panambang –e boten owah.

Tuladha : tebu, aku, putu.

 U miring (swanten memper O) = swantenipun memper o mapan ing tembung lingga lan dipunwuwuhi panambang -e swanten wau malih dados u , panyeratipun ngangge aksara u.

Tuladha : siwur – siwure, jagung –
jagunge, parut – parute,
wedhus – wedhuse.

2) Panyeratipun Konsonan.
Ing basa Jawa antawisipun pocapan lan seratan kalamangsanipun benten utawi boten sami.
(a) Panyeratipun aspirat.
Swanten anteb basa Jawa asring kedunungan swanten aspirat (h) , nanging boten perlu kaserat, awit swanten punika boten klebet fonem nanging alofon.

Tuladha : bhaphak – bapak, dhurung – durung.

(b) Panyeratipun prenasalisasi.
Prenasalisasi punika swanten irung ingkang tansah ngrumiyini satunggalipun tembung nalika dipunucapaken. Sedaya tembung ingkang wiwitanipun mawi swanten anteb badhe dipunrumiyini swanten irung. Limrahipun tembung aran (kata benda) utawi nedahaken papan.

Tuladha :
mBali – Bali,
mBandhung – Bandung,
nJepara – Jepara,
ngGresik – Gresik,
ndalan – dalan.

Sanajan ing pocapan swanten irung tansah ngrumiyini swanten anteb, swanten irung boten perlu dipunserat.

(c) Panyeratipun Glotal lan Retofleks.
Swanten (k) ing pungkasanipun tembung kabeh badhe dipunucapaken dados (?) utawi k manda-manda, kedah dipunserat k. semanten ugi swanten (t) lan (d) retofleks, swanten punika kedah dipunserat nangge th lan dh.

Tuladha : simbo? – simbok, kepla? – keplak, tole – thole, dawuh – dhawuh.

(d) Panulise Mandaswara.
Mandaswara punika swanten manda-manda ingkang mapan ing antawisipun vokal kalih (nanging sanes diftong) ingkang benten ungelipun. Ingkang klebet mandaswara (y, w). Manawi mapan ing tembung lingga perlu dipunserat, nanging manawi mapan ing tembung andhahan boten perlu dipunserat.

- Tuladha ing tembung lingga : priya – priya, duwit – dhuwit, satria – satriya.

- Tuladha ing tembung andhahan : rabi – rabia, wani – wania, tuku – tukua, lunga – lungaa.

b. Ejaan Basa Jawa mawi Aksara Jawa.
Sasampunipun agama Islam rumasuk ing tanah Jawa lan Walanda njajah bangsa Jawa, basa Jawa wiwit kenging dayanipun basa Arab lan Walanda.
Wiwit punika basa Jawa tepang swanten f, q lan z. Swanten punika dipunserat mawi aksara p, k lan s kawuwuhan ceret tiga ing nginggilipun aksara kasebut. Aksara daden-daden wau lajeng sinebat aksara rekan. Pranatan panyeratipun basa Jawa ngangge aksara Jawa ngantos samangke prayoganipun wiwit nggiunakaken Pedoman Penulisan Aksara Jawa ingkang dipunterbitaken dening Yayasan Pustaka Nusatama 1996.


BAB II WIDYA TEMBUNG

Widya tembung punika ngelmu ingkang nyinau bab tembung (morfologi). Tembung punika rerangkening swanten ingkang kawedhar lumantar tutuk ingkang ngemu teges lan kasumurupan suraosipun.

1. Wujudipun tembung.
Tembung Lingga (kata asal/dasar). Inggih punika tembung ingkang tasih wetah/wungkul/ wantah/asli, ingkang dereng rinaketan imbuhan. Tembung lingga wonten ingkang namung sawanda, kalih wanda, utawi tigang wanda. Wanda (suku kata).

Tuladha : gong, bom, las, cet, pari, pitik, wajan, jagung, rekasa, kulina, padharan, mustaka.

Wanda wonten kalih : wanda menga (suku terbuka) awit pungkasanipun wanda awujud vokal, lan wanda sigeg (suku tertutup) awit pungkasanipun wanda awujud konsonan.
Wod = akar kata. Wujudipun namung sakecap utawi sawanda. Sor, lur lan sup. Saged dipunpadosi tegesipun cendhek, dawa lan mlebu.
Endhek : asor, dlosor, ngisor.
Dawa : alur, ulur, mulur.
Manjing : susup, angslup, tlusup.
Etimologi : ngelmu ingkang nyinau tembung lingga ingkang asalipun saking tembung wod.

Tembung Andhahan.
Ing basa Indonesia dipunwastani kata jadian, lan tembung insampun owah saking lingganipun amargi dipunwuwuhi imbuhan. Wonten ingkang mastani bilih tembung andhahan punika tembung lingga ingkang sampun dipun rimbag. Pangrimbagipun tembung lingga dados tembung andhahan, kanthi muwuhaken imbuhan ing ngajeng, tengah utawi ing wingkingipun tembung lingga.

Imbuhan (afiks), wonten sekawan (4) inggih punika :
• ater-ater,
• seselan,
• panambang
• imbuhan bebarengan.

1). Ater-ater.
Ater-ater punika imbuhan ingkang mapan wonten kawitanipun tembung/ngajeng tembung.

Ater-ater ing basa Jawa kathah sanget kawimbuhan, ater-ater anuswara : a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa-, pa anuswara-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, lan kapi-. Ater-ater wau panyeratipun tansah gandheng karliyan tembung linggane.

 Ater-ater anuswara (swara irung).
Ater-ater niki meh sami kaliyan awalan meng- ing basa Indonesia. Ingkang klebet ater-ater anuswara : m-, n-, ng- ny-.
Saged ugi dipunwastani ater-ater m-, n-, ng- ny- klebet alomorf ater-ater A-. Tembung lingga ingkang wiwitanipun aksara p, w, t, th, c, k, s manawi dipunwuwuhi ater-ater A-, aksara p, w, t, th, c, k, s ing kawitanipun tembung badhe luluh.

Tuladha :

m- + pacul - macul
m- + weling - meling
n + tutup - nutup
n + thuthuk - nuthuk
ng- + keplak - ngeplak
ny- + cacad - nyacad
ny- + suling - nyuling

Ing basa rinengga (ragam susastra), ater-ater a_ kalamangsanipun dados am (ham), an (han) ang (hang) lan any- (hany).

Tuladha :
m ---------- ham = mbalang ---- hambalang
An ---------- han = nuthuk ------ hamnuthuk
Ang -------- hang = nggodhog – hanggodhog
Any---------- hany = nyuwil ----- hanyuwil

Manawi sumambung kaliyan tembung lingga sawanda, ater-ater ng- malih dados nge- :

Ng + dol ------------- ngedol
Ng + cet ------------- ngecet
Nge + lap ----------- ngelap

Ater-ater anuswara saged ngowahi jinising tembung dados tembung kriya :

M + pecut --------------- mecut
M + becak --------------- mbecak
M + gambar ------------- nggambar
- Ater-ater a- -------------- abasa, aklambi
- Ater-ater ma A- (maN-) mangetan, manunggal
- Ater-ater ka- ----- kajupuk
- Ater-ater ke- ---- kejepit
- Ater-ater di- ----- dibalang/dipunbalang
- Ater-ater sa- ------- sagelas
- Ater-ater pa- anuswara – pa + enget – penget
- Ater-ater pi- --------- pitutur
- Ater-ater pri- -------- priangga
- Ater-ater pra- ------- pralambang
- Ater-ater tar- ------ tarkadang
- Ater-ater kuma- ----- kumawani
- Ater-ater kapi- ------- kapiadreng


2). Seselan.
- Seselan -um- --------- puminter – kuminter
- Seselan -in- --------- tinulis
- Seselan –er- lan -el- gerandhul, kelepyar

3). Panambang.
- panambang – lan ------ tambani
- panambang – a ----- tangia
- panambang – e (-ipun) ---- tindake, tindakipun
- panambang –en ------- cacingen
- panambang –an -------- kancingan
- panambang –na ------- lungguhna
- panambang –ana ----- kandhanana
- panambang –ane --------- gebugane
- panambang –ake (-aken) tulisake, serataken

4). Imbuhan Bebarengan.
(a) Imbuhan bebarengan rumaket :
- Imbuhan ka – - an ------ kabledhosan
- Imbuhan ke - – en --------- keciliken
- Imbuhan pa (A) - –an ------papringan
- Imbuhan pra- -an ----------pradesan
(b) Imbuhan bebarengan renggang.
- imbuhan A- - lan (Anuswara - -lan) ---nyokoti
- imbuhan A- -a (anuswara- -a) ------ mbalanga
- imbuhan A- -ake (Anuswara- -ake) – mbalamgake
- imbuhan A- -ana (Anuswara- -ana) –mbundhelana
- imbuhan A- -e (Anuswara- -e) mlakune
- imbuhan di- -lan -------- diwelingi
- imbuhan di- -a ----------- didhudhaha
- imbuhan di- -ana ---------- dijotosana
- imbuhan di- -ake ------- diwalesake
- imbuhan (-in-) –an/-ake/-ana - ginambaran, sinambungake, ditangisana
- imbuhan (-um-) –a --------- sumingkira
- Imbuhan sa- -e --------------- sacilike

Tembung Rangkep.
1) Dwipurwa. ------ bebungah
2) Dwilingga. ------ takon-takon
3) Dwiwasana. ----- cekikik
Tembung Camboran.
1) Camboran Wutuh. ------ dhadha menthok
2) Camboran Tugel. ------ lunglit

2. Jinising Tembung
a. Tembung Aran (kata benda/nomina). Inggih punika tembung ingkang nerangaken naminipun barang utawi punapa kemawon ingkang dipunanggep barang. Kathah-kathahipun saged sumambung kaliyan tembung dudu utawi ana lan ora.
Tembung aran wonten werni kalih :
1) tembung aran katon/konkrit. (pelem, krikil, sapi).
2) Tembung aran tan katon/abstrak. (ngelmu, kawasisan).
b. Tembung Kriya (kata kerja/verba). Inggih punika tembung ingkang nerangaken solah bawa utawi tandang gawe.
1) Kriya Tanduk (kata kerja aktif), inggih punika tembung kriya ingkang jejere (subyek) dados paraga. Tembung punika limrah kadhapuk lan kawuwuhan ater-ater (m-, n-, ng- lan ny-). Lan jejer tansah dados paraga ingkang nindakaken satunggalipun pakaryan. (upamipun : njawil, mlumpat, nulis, nuthuk).
a. Kriya tanduk ngangge lesan (kata kerja transitif). Tembung kriya tanduk lan tansah mbetahaken lesan (obyek). Padatan ngginakaken ater-ater anuswara (m, n, ng lan ny) lan panambang na utawa panambang ake.
b. Kriya tanduk tanpa lesan (kata kerja intransitif). Lan tembung kriya lan boten mbetahaken lesan (obyek).
Padatan ngginakaken ater-ater anuswara (m, n, ng, man, ny lan mer-).
2) Kriya Tanggap (kata kerja pasif), inggih punika tembung kriya ingkang jejeripun (subyek) dados sasaran (penderita). Tembung kriya tanggap limrah kadhapuk lan kawuwuhan ater-ater (di-, ka-, ke- lan seselan -in-). Upamane : dijawil, ditulis, dithuthuk, tinulis, thinuthuk, jinawil).
c. Tembung Sifat (adjektiva), ugi sinebat tembung watak utawa kaanan, inggih punika tembung ingkang saged nerngaken kawontenan utawi watak satunggaling barang utawi bab.
Tembung sifat saged dipunpilah dados kalih :
1). Tembung watak (boten saged owah) – drengki, srei, jail, uthil.
Tembung sifat saged sumandhing kaliyan tembung luwih, rada, paling, banget.
2). Tembung kahanan (saged owah) – mlarat, sugih, mulya, cilaka.
d. Tembung Katrangan (adverbia), inggih punika tembung ingkang nerangaken tembung sanes.

- Tembung katrangan lan nerangaken tembung aran.
(Kakangku dudu guru SMA).
- Tembung katrangan lan nerangaken tembung kriya.
(Adhiku asring nangis).
- Tembung katrangan nerangaken tembung sifat.

(Pak Broto piyayi rada galak).

- Tembung katrangan nerangaken tembung wilangan.

(Bukune kurang papat).

- Tembung katrangan sing nerangaken tembung katrangan.

(Aku ora tau mulih).

e. Tembung Sesulih (kata ganti utawa pronominal), inggih punika tembung ingkang dipunginakaken minangka sesulihipun tiyang, barang utawi punapa kemawon ingkang dipunanggep barang.






1) Sesulih Purusa (kata ganti orang).



Sesulih Purusa Ijen Akeh

Utama Purusa Aku, kula, ingsun, Kawula

Madyama Purusa Kowe, sampeyan, sira Kowe kabeh, panjenengan sadaya
Pratama Purusa Dheweke, piyampakipun



2) Sesulih Pandarbe (kata ganti empunya).

Sesulih Purusa Klitika
Aku Dak/tak -ku
Kowe Ko/kok, mang -mu
dheweke -e

3) Sesulih Panuduh (kata ganti penunjuk).
sesulih panuduh limrah = iki, iku/kuwi, punika lan nganu (anu).
sesulih panuduh papan = kene, kono, kana, ngriki, ngriku, ngrika, rene, rono, rana, mrene, mrono, mrana. sesulih panuduh sawijining bab = gene, ngono, ngana, makaten.
4) Sesulih Pitakon (kata ganti penanya utawi pronominal interogatif). Apa, sapa,
ngapa, yagene, piye, pira, endi, kapan.
5) Sesulih Panyilah (kata ganti penghubung utawi pronominal relatif). Nggantos
tembung ing babonipun ukara. Upamanipun sing, lan, ingkang.
6) Sesulih Sadhengah (kata ganti tak tentu/ indeterminatif), tembung kangge
gantosipun tiyang utawi barang sarta kawontenanipun dereng cetha.

Upamanipun ; sawijining, apa bae, sapa-sapa, saben uwong, salah siji.

f. Tembung Wilangan (kata bilangan/numeralia), tembung ingkang nerangaken gunggungipun barang/tiyang/khewan lan satunggaling bab.

1) Wilangan Babon/utuh/utama.

0 = enol (das)
1 = siji (eka)
2 = loro (dwi)
3 = telu (tri)
4 = papat (catur) 5 = lima (panca)
6 = enem (sad)
7 = pitu (sapta)
8 = wolu (hasta)
9 = sanga (nawa)

a) Wilangan kumpulan (upamane 11 = sewelas, 21 = selikur, 50 = seket, 1000 = sewu).
b) Wilangan sadhengah (upamane ; sithik, saperangan, sacuwil, akeh, kathak, sekedhik, sadaya ).
2) Wilangan Susun. (pisan, pindho, katelu, kaping pitu lsp.)
3) Wilangan Pecahan. (1/4 = seprapat, ½ = separo, 2/3 = rong protelon, ¾ = telung prapat lsp.).
g. Tembung Panggandheng (kata sambung utawi konjungsi).
Inggih punika tembung ingkang ginanipun kangge nggandhengaken ukaraya panjang setunggal lan sanesipun, murih ukara dados. Upaminipun (sawise, nalika, banjur, lajeng, sawangsulipun, ewadene).
Tembung panggandheng dipunpilah dados kalih :
1) panggendheng nglebet ukara (intrakalimat).
2) panggendheng jawi ukara (antarkalimat).
h. Tembung Ancer-ancer (kata depan/preposisi). Tembung ingkang ginanipun kangge ngancer-anceri papan utawi aran. (ing, kagem, miturut, amrih, kaya, dening, kaliyan).
i. Tembung Panyilah (kata sandang/artikula), punika tembung dipunangge nyilahake patrap, barang utawi satunggalipun bab. Limrah sumambung kaliyan tembung aran. (si, sang, ingkang, para).
j. Tembung Panyeru (kata seru/interjeksi), inggih punika tembung ingkang nggambaraken wedharipun raos remen, kaget, kuciwa, gela, susah lan gumun. (adhuh, ah, nah, lha, he, lho, oh, hore, eman, tobat, eman).


BAB III WIDYA UKARA

Widya ukara punika klebet peranganipun paramasastra ingkang ngrembag ukara, frasa lan klausa (Sintaksis). Tetiganipun boten saged dipunpisah amargi satunggal lan sanesipun wonten sambung rapetipun.

1. Frasa.
Frasa punika kelompok tembung kanthi tandha :
- Drajatipun monten antawisipun tembung lan klausa (sanginggilipun tembung sangandhapipun klausa).
- Dumados saking kalih tembung utawi langkung.
- Tembung-tembung ingkang kadhapuk ing frasa, urut-urutanipun boten kenging nglngkungi wasesa. Frasa racakipun dumados saking inti lan atribut (inti = diterangake, atribut = nerangake). Hukum DM = MD ing basa Indonesia.

Tuladha :
- Sepatu sandal
- Bocah lanang
- Klambi amoh
- Kandhang jaran
- Omah anyar

Warni-warninipun frasa :
a. Frasa Endosentrik.
Frasa ingkang namung nyebataken salah satunggal peranganipun, nanging perangan ingkang dipunsebat wau saged dados gantosipun perangan sanes.

Theklek kayu jati (- theklek kayu, - theklek jati).
Tape beras ketan (- tape beras, - tape ketan).

Ingkang naminipun jati punika peranganipun kajeng, naminipun ketan punika peranganipun wos/beras.

b. Frasa Eksosentrik.
Frasa ingkang salah satunggal peranganipun boten saged dados gantos perangan sanes.

Mas Tamrin mulih saka Pekalongan.
Mas Martono lagi lunga menyang Jakarta.

Dados boten saged dipunwastani :

Mas Tamrin mulih saka.
Mas Tamrin mulih Pekalongan.

Mas Martono lagi lunga menyang.
Mas Martono lagi lunga Jakarta.

Jinisipun frasa :
 Frasa Aran (nomina/benda). - Payung kertas.
 Frasa Kriya (verba/kerja). – arep mangan.
 Frasa Kaanan (adjektiva/keadaan). – cilik mentes.
 Frasa Wilangan (numeralia/bilangan). – telung wungkus.
 Frasa Katrangan (adverbia/keterangan). – mung bae.
 Sesulih (pronomina/ganti). – kowe kabeh.
 Ancer-ancer (preposisi/kata depan). – ing Kudus.

2. Klausa.
Rerangkenipun tembung ingkang saged ngudhar satunggaling gagasan (bab).
Klausa kedah wonten wasesanipun (predikat). Ing basa tulis klausa paling sekedhik dumados saking jejer + wasesa.

Dheweke kuwi // dokter khewan.
J W

3. Ukara.
Rerangkenipun tembung ingkang saged ngudhari satunggalipun kajeng. Pangrangkenipun tembung ngangge pranatan.

Tandha-tandha :
- Saged madeg piyambak.
- Saboten-botenipun dumados saking klausa (jejer + wasesa).
- Wiwitanipun ukara dipunserat aksara murda lan wekasanipun titik.
- Wonten lagunipun pocapan (intonasi).
- Aku sinau (ya klausa, ya ukara).
- malah dolan (frasa kriya).
- adhiku mala dolan (ya klausa, ya ukara).
- Aku sinau, adhiku malah dolan (ukara).

a. Jejer (subyek).
1) Jejer Awujud Tembung Aran/frasa aran.
2) Jejer Awujud Tembung Kriya/frasa kriya.
3) Jejer Awujud Tembung Kaanan/frasa kaanan.
4) Jejer Awujud Tembung Wilangan/krasa wilangan.
5) Jejer Awujud Tembung Sesulih Purusa/frasa sesulih purusa.

b. Wasesa (predikat).
1) Wasesa Awujud Tembung Kriya/frasa kriya.
2) Wasesa Awujud Tembung Kaanan/frasa kaanan.
3) Wasesa Awujud Tembung Aran/frasa aran.
4) Wasesa Awujud Tembung Wilangan/frasa wilangan.
5) Wasesa Awujud tembung/frasa ancer-ancer.

c. Lesan (obyek).
Yen wasesanipun tembung aran, kaanan utawa frasa ancer-ancer, ukara punika boten wonten lesanipun. Nanging manawi wasesanipun tembung kriya tanduk, lesan kedah wonten.

d. Geganep (pelengkap).
Rusmanto / ngirimi / Rusmini / wingka babad.
J W L Gg

Budi / nukokake / anakku / sepur-sepuran.
J W L Gg.

e. Panerang.
Mujudaken peranganipun tembung ingkang boten kedah wonten ing ukara. Saged mapan wonten ing pungkasanipun ukara, kawitanipun ukara lan antawisipun jejer lan wasesa.

Adhiku lara panas esuk mau.
Adhiku esuk mau lara panas.
Esuk mau adhuki lara panas.

4. Jinising Ukara.
a. Ukara tanduk lan tanggap.
1) Ukara tanduk (kalimat aktif).
Ukara ingkang wasesanipun tembung kriya tanduk, kanthi titikan padatan ngangge imbuhan anuswara (m-, n-, ng-, ny-).


Adhiku/lagi nggawe/ layangan / saka plastik.
J W L Gg



Bu Anis / menehi / putrane /sangu.
J W L Gg


Budi/ nukokake/adhine /dolanan.
J W L Gg


Nanik / nyulaki / meja guru.
J W L

2) Ukara tanggap (kalimat pasif).

Ukara ingkang wasesanipun tembung kriya tanggap, kanthi titikan padatan ngangge imbuhan anuswara (di, ka utawa seselan in).

Adhiku / didukani / bapak.
J W L


Wacan iki / katulis / nalika jaman Landa.
J W P

Mas Pur / winisudha / dadi sarjana ekonomi.
J W L

b. Ukara Lamba lan Camboran
1) Ukara Lamba.
Ukara ingkang dumados saking satunggal klausa. Tegesipun, ukara kasebut namung dumados saking jejer lan wasesa sarta dipuntambah lesan, geganep utawi panerang ingkang gunggungipun namung satunggal.

Widodo / seneng padu.
J W

2) Ukara Camboran.
Saben ukara dumados sakinlih klausa utawi laugkung. Jejer wasesanipun dumados langkung saking satunggal.

Dheweke teka nalika aku lagi mangan.

a) Camboran sejajar.
Ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung lan klausa-klausa wau dipungandheng ngangge tembung panggandheng, lan ukara-ukara wau sadaya ukara inti.

Mbakyuku kuliah ing Jakarta lan adhiku ing Solo.

b) Camboran susun.
Ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung, nanging antawisipun satunggal lan sanesipun wonten ingkang nguasani lan wonten ugi ingkang dipun kuasani.

- Mbak Yuli ora mangkat nyambut gawe jalaran lara panas.

Menawi dipunggatosaken klausa ingkang dipunserat kandel ing nginggil mujudaken klausa pang, klausa pang ngisi papanipun geganep.

c. Ukara Tema lan Rema.
Gatosaken ukara ngandhap punika.
- Bapak, blangkonipun radi miring.
- Mas Budi iki, tangane kenceng banget.

Perangan ingkang wonten ngajeng inggih punika

Bapak, Mas Budi iki, dipunwastani Topik (Tema).
Dene perangan ingkang wonten wingking, blangkonipun radi miring lan tangane kenceng banget,
dipunwastani komen/rema.

5. Warni-warninipun Ukara
a. Ukara Carita (kalimat berita).
Ukara carita inggih punika ukara ingkang isinipun nyritakaken satunggalipun bab utawi prastawa dhateng tiyang sanes. (Nalika aku nyang Rembang, ana prau layar kang kerem).

b. Ukara Pakon (kalimat perintah).
Ukara pakon inggih punika ukara ingkang suraosipun awujud pakon/prentah dhateng tiyang sanes, supados nindakaken pakaryan.

Ukara pakon, wonten werna gangsal :
1) Pakon lumrah. (Jogan kae sapunen).
2) Pakon pamenging. (Kowe ora kena lunga yen during rampung sinau).
3) Pakon pangajak. (Yen kepengin pinter, kudu sinau).
4) Pakon panantang. (Balangen, yen njaluk benjut sirahmu).
5) Pakon paminta. (Dhik, tulung jupukna kunci kontak ing meja).

c. Ukara Pitakon (kalimat Tanya).
1) Pitakon lumrah. (Pak Guru basa Jawa sing anyar iku asmane sapa ?).
2) Pitakon kang orang butuh wangsulan (retorika). (Sapa sing ora kepengin munggah kelas ?).
3) Pitakon paminta. (Piye yen jajan dhisik ?).

d. Ukara Sambawa (kalimat harapan). Inggih punika ukara ingkang isinipun awujud pengarep-arep, saupama utawa sanajan. Racakipun kawuwuhan imbuhan a utawi –ana. (Panasa ya gabahku ben garing. Sugiha dhuwit aku wis gawe omah. Ditangisana nganti lemes dheweke ora bakal urip maneh).

e. Ukara Sananta (niyat). Inggih punika ukara ingkang isinipun niyat, karep utawi sedya. (Sesuk awan aku arep ngundhuh jagung).
BAB IV WIDYA MAKNA

Widyamakna inggih punika ngelmu ingkang ngrembag bab teges lan bab-bab ingkang wonten gandhengenengipun kaliyan teges. Wudyaswara, widyatembung lan widyaukara, kedah nggatosaken widyamakna. Manawi boten nggatosaken makna, sadaya ingkang karembug boten wonten paedahipun.

Tuladha :
- Sepur numpak wong.
- Parmin numpak sepur.

Tuladha kasebat manawi kawawas manut pranataning ukara samwpun leres, amarga wonten jejeripun, wonten wasesanipun lan wonten lesanipun. Ananging ukara wau ingkang saged dipuntampi nalar namung ukara ingkang nomer kalih. Dados ngracik ukara boten namung waton leres strukturipun, nanging ugi kedah leres suraosipun. Tinampa nalar punapa boten, wonten gandheng-cenengipun kaliyan widyamakna.

Ingkang karembag ing Widyamakna :
1. Sinonim.
Sinonim = tembung kalih utawi langkung ingkang wujud lan panyeratipun benten, nanging tegesipun sami.

Jeneng = aran
Cepet = rikat
Langka = arang
Angslup = ambles
Adhem = atis

Nanging boten saben tembung ingkang sami tegesipun saged dipunangge ing sadhengah ukara.

Tuladha :

“Mas Budi ora seneng mangan sega adhem”.

Tembung adhem ora bisa diganti atis.

2. Antonim.
Antonim = tembung, frasa utawi ukara ingkang gadhah teges walikan kaliyan tembung, frasa utawi ukara sanesipun.

Tuladha :

Gedhe – cilik
Amba – ciyut
Dawa – cendhak
Pinter – bodho
Gampang – angel
Endhek – dhuwur

Antonim awujud frasa :

Sepedha motor kang anyar iku
Sepedha motor kang ora anyar iku

Antonim ing ukara :
Parmi lara untu
Parmi ora lara untu

3. Homonim.
Homonim = tembung setunggal ingkang seratanipun lan pangucapipun sarwa sami, nanging saged benten suraosipun.


Tuladha :
…….. ngukuri lemah.
…….. ngukuri geger.

…….. roti mawa keju.
Aja cedhak-cedhak mawa.

Mobile sedulurku sing antik, arep diedol.
Mobile sedulurku, sing antik, arep diedol.

Frasa sing antik ing ukara nginggil tegesipun ingkangn antik niku mobile, nanging manawi ingkang ngandhap, ingkang antik sedulurku.

a). Homofon.
Homofon = kalih tembung utawi langkung ingkang uelipun sami, nanging tegesipun benten. Utawi tembung kalih utawi langkung ingkang benten seratanipun lan suraosipun, nanging pocapan/ungelipun tembung sami utawa meh sami.

Anteb – antep (abot – tekad).
Kulub – kulup (gudhangan – anak).
Parab – parap (jeneng – tandha tangan).

b). Homograf.
Homograf = kalih tembung utawi langkung ingkang sami panyeratipun nanging boten sami tegesipun.

Teken – teken
Cemeng – cemeng
Kendel – kendel
Geger – geger
Meri – meri

4. Hiponim.
Hiponim klebet tembung ingkang tegesipun dipunanggep dados peranganipun tembung sanes utawi suraosipun tembung wontn panguaosipun tembung sanes.



Werna




Abang, putih, ijo, biru, kuning, jingga


5. Polisemi.
Polisemi mujudaken tembung ingkang ngemu teges langkung saking setunggal. Gampil dipunmangertosi manawi mapan ing ukara.



Babaran sampun kalih


Bayen weton uwis aja lan loro


6. Ambiguitas.
Ambiguitas iku tembung, frasa utawi ukara ingkang mangro teges.

Suduken = nyubles, lara weteng
Ngukuri = garuk-garuk, ngetung dawa
Sarungna = nyubles, nglebokake ing wrangka (keris).

7. Jinising makna.
a. Mringkus
Tembung ingkang suraosipun saya mringkus. Dados ingkang sakawit suraosipun pinten-pinten malih dados winates (mringkus).

Makna Bawera Makna Mringkus
Kaos


Sikil - kaos sport
- kaos pblong
- kaos kaki
- sikil meja
- skil gajah
- sikil jaran

b. Melar.
Makna ingkang langkung bawera tinimbang saderengipun.

Winates Bawera
Kembang

Amplop

wadhuk Kembang
Wong kang ayu
Amplop
Sogokan/suap
Weteng kewan
dam
c. Geseh.


Tembung
ndhisik
Saiki

Germa


Bajingan


Preman Wong kang gaweane bebedhak kewan galak

Sopir grobag


Nyandhang melu kaya wong lumar supaya ora kadenangan asline. Mucikari


Gawe cilaka liyan

Gentho

d. Makna Kognitif.
Makna kognitif utawi makna deskreptif utawi denotatif, inggih punika nedahaken sesambetan antawisipun gagasan ingkang wonten ing pikiran/konsep kaliyan kasunyatan.
- sega goreng
- tape goreng
- endhog ceplok

e. Makna Konotatif.
Suraosipun tembung/frasa, boten kados ingkang wonten ing tembung/frasa, nanging wonten teges sanes ingkang tumempel ing tembung/frasa punika.
- ngobongi kertas.
- ngobongi wong-wong ndesa ben demo.

f. Leksikal lan makna Gramatikal.
• Leksikal = nalika isih mandireng pribadi padha bae nalika digathukake ing ukara.
• Gramatikal = njumbuhake karo ukara.

Tuladha :
- Pitik angrem 21 dina wis netes. (leksikal).
- Parmi galak kaya pitik angrem. (gramatikal).

g. Referensial.
Makna ingkang langsung nuding ing ngajengipun utawi maknanipun wonten sambungipun kaliyan kasunyatan.

Tembung punika mujudaken lambang/simbol ingkang dados sarana nggandhengaken pikiran/ide kaliyan acuan /referen.

Tuladha :
• Montor mabur -- lambang/simbol.
• Sarana angkutan kang bisa mabur --- pikiran/ide.
• Gambar --- acuan


8. Aspek, kala lan modus.
a. Aspek.
Aspek punika nedahaken sawenehing tumindak lan jinising tumindak ingkang wonten sambungipun ing tembung kriya.
Aspek mbeberaken kawontenan. Dados sejatosipun aspek punika mligi sesambungan kaliyan wekdal, prastawa utawi proses ingkang nembe dipunrembag.

Tembung-tembung ingkang klebet aspek :
- wiwit
- lagi
- uwis
- isih
- bisa
- kerep
- kadhang
- tansah
- arang

b. Kala.
Kangge nedahaken wekdal :
- biyen
- wingi
- saiki
- sesuk
- sesuke
- suk emben

Dhek emben wingine wingi saiki sesuk sesuke Suk emben

- 2 - 1 0 +1 +2


c. Modus.
Modus rumaket ing tembung kriya lan nerangaken kawontenan kajiwan (psikologis) satunggaling tumindak miturut tafsiranipun badanipun piyambak (kang ngomong). Modus saged njlentrehaken panampi/sikep tiyang ingkang rembagan.

Wujuding modus arupi tembung :
- arep
- mesthi
- bisa
- entuk
- Kepengin
- kudu

Wujuding modus arupi frasa :
- arep bisa
- mesthi bisa
- manut pangiraku
9. Arah
Arah basa Jawi sami kaliyan arah basa Indonesia, inggih punika ler, kidul, wetan lan kilen.
Supaya cetha gatekna gambar ing ngisor iki.


Ler

Lor kilen lor wetan


Kulon wetan


Kidul kulon kidul wetan

Kidul

0 komentar:

Poskan Komentar